Sabtu, 25 Maret 2017

Pariwara Gereja, Ngahad Paskah IV, Ahad, 26 Maret 2017



PARIWARA GEREJA
NGAHAD PRAPASKAH KAPING SEKAWAN
Ahad, 26 Maret 2017


  • Benjang Ahad, 02 April 2017 mujudaken ngahad Prapaskah kaping gangsal, Petugas Pelayanan Liturgi saking Lingkungan Yustinus Wilayah Maria Tak Bernoda, Prodiakon ingkang ngayahi kewajiban Ibu Elisabeth Marsini.
  • Ibadat Adorasi dipun wontenaken mangkih sonten dipun wiwiti jam 4 sonten, Prodiakon ingkang mimpin Bapak FX. Sabar.
  • Kolekte Ahad kepengker, Kolekte kapisan ngempal Rp 459.000,- lan Kolekte Kaping kalih ngempal Rp 324.000-
  • Margi Pamentangan, dipun wontenaken benjang Jumat, 31 Maret 2017 jam 4 sonten ing Gereja.
  • Kempalan Rutin PPM “Sang Bintang Timur” dipun wontenaken benjang Ahad, 02 April 2017 sak bibaripun Mis Suci. Ngagem seragam ijo.
  • Jadwal pepanggihan APP ing ngahad punika :
Wilayah Maria Lourdes : dinten punika sasampunipun mis suci mapan ing Aula Santo Andreas Ampel
Wilayah Maria Bunda Allah : benjang Kemis, 30 Maret 2017 wonten ing Kapel Santo Agustinus, dipun wiwiti jam 6 sonten.
  • Pelajaran Sakramen Krisma ugi Komuni kapisan dipun wontenaken saben dinten Ahad, mapan ing Aula Santo Andreas (wingking Gereja), dipun wiwiti tabuh 08.00 enjang.
  • Latihan koor Paduan Suara Adoramus dipun wontenaken dinten punika sasampunipun mis suci, ugi benjang Rebo, 29 Maret 2017 jam 4 sonten ing dalemipun bapak Y. Sutopo, Posongan, Candi, Ampel.
  • Rapat Panitia Paskah 2017 dipun wontenaken benjang Sabtu, 1 April 2017 ing dalemipun bapak FX. Sabar, Rejosari, Kaligentong, Ampel, dipun wiwiti jam 6 sonten. Nyuwun karawuhanipun sedaya panitia.
  • Pengumuman dinten punika saged dipun akses wonten ing http://GKSAAmpel.blogspot.co.id

3 komentar:

  1. pepanggihan APP lingkungan Florentinus benjang kemis, 30 Maret 2017, wonten dalemipun bp. JB. Sutarmo jam 4 sonten.

    BalasHapus
  2. Ralat : seragam PPM ngagem batik abrit.

    BalasHapus
  3. lomba menghias telur paskah bagi anak-anak PIA diadakan besok tanggal 2 April 2017 di Gereja HTB SPM Boyolali. telur sudah disediakan, bagi yang ingin mengikuti silahkan membawa gunting, krayon dan alat untuk menghias yang lain.

    BalasHapus