PARIWARA
GEREJA
NGAHAD
PASKAH KAPING PITU
Ahad, 28 Mei 2017
- Benjang Ahad, 04 Juni 2017 mujudaken Riyaya Pentakosta, Petugas Pelayanan Liturgi saking Lingkungan Ignatius Wilayah Maria Lourdes, Prodiakon ingkang ngayahi kewajiban Bapak Ign. Suratno. Pisungsung sekar Altar saking keluarga Ibu Mulyati – Gondang Slamet.
- Ibadat Adorasi dipun wontenaken mangkih sonten dipun wiwiti jam 4 sonten, Prodiakon ingkang mimpin Bpk. N. Pulung Harbono.
- Kolekte Ahad kepengker, Kolekte kapisan ngempal Rp 264.000,- lan Kolekte Kaping kalih ngempal Rp 530.000-, Kolekte Riyaya Gusti Yesus Mekrad dateng Swarga, Kolekte kapisan ngempal Rp 325.000,- lan Kolekte Kaping kalih ngempal Rp 306.000-,
- Kempalan Rutin PPM “Sang Bintang Timur” dipun wontenaken benjang Ahad, 04 Juni 2017 sak bibaripun Mis Suci. Ngagem seragam paling enggal.
- Gladi Bersih Penerimaan Sakramen Krisma dipun wontenaken dinten punika wanci tabuh 09.00 enjang (sak bibaripun mis Suci ing Gereja Hati Tak Bernoda Santa Perawan Maria Boyolali).
- Pengetan para suci ing ngahad punika :
Senin : Beato Elia saking Santa Clement
kaliyan Santa Maria Anna saking Paredes
Selasa : Beato Giacomo Filippo Bertoni
Rebo : Riyaya SP. Maria ngrawuhi
Elisabeth
Kemis : Santo Yustinus, Martir
Jumat : Santo Feliks saking Nikosia,
Biarawan
Setu : Karolus Lwangga lan kanca-kancanipun,
Martir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar