1. Benjang Ahad, 01 Oktober 2017 mujudaken Ngahad Biasa Kaping 26, Petugas
Pelayanan Liturgi saking Lingkungan Bonaventura
Wilayah Maria Bunda Allah,
Petugas Tata Tertib saking Lingkungan Yustinus Wilayah Maria Tak Bernoda,
Prodiakon ingkang
ngayahi kewajiban Ibu Ag. Suwarni Suharto. Pisungsung sekar
Altar saking keluarga Bapak Ag. Suwardjo.
2. Ibadat Adorasi dipun wontenaken mangkih sonten dipun wiwiti jam 4 sonten,
Prodiakon ingkang mimpin Ibu Christina Sri
Maryumi.
3. Kolekte Ahad kepengker, Kolekte kapisan ngempal Rp 496.000,- lan Kolekte Kaping
kalih ngempal Rp 747.000,-.
4. Kempalan Rutin PPM “Sang Bintang Timur” dipun wontenaken benjang Ahad,
01 Oktober 2017 sak bibaripun Mis Suci.
5. Pengetan para suci ing ngahad punika :
Selasa : Beato Luigi Tezza, Imam
Rebo : Santo Vinsensius A Paulo, Imam
Kemis : Para Martir Agustinian ing Jepang
Setu : Santo Hieronimus, Imam lan Pujangga
6. Undangan :
Nyuwun karawuhan Bapak/Ibu/Sederek sedaya benjang ing :
Dinten : Selasa, 26 September 2017
Wekdal : tabuh 5 WIB
Keperluan : Ibadat Sabda pengetan 40 dinten Almarhum Bp. FA. Sutomo kundur
dateng pangayunan Dalem Gusti.
Awit karawuhan Bapak/Ibu/Sederek sedaya, kaluarga ngaturaken agenging panuwun.
Pariwara menika pinangka undangan.
7. Kegiatan “Camp Pria Sejati Katolik angkatan 3” badhe dipun wontenaken ing dinten
Jumat dumugi Minggu, 13 dumugi 15 Oktober
2017 wonten ing River Hill Tawang-
mangu, Karanganyar. Keterangan salajengipun saged dipun waos ing spanduk ingkang
kapasang ing kidul Gereja.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar