- Benjang Ahad, 07 Januari 2018 mujudaken Riyaya Bakda Wiyosan (Hari Raya Penampakan Tuhan), Petugas Liturgi saking Lingkungan Hipolitus Wilayah Maria Tak Bernoda, tata tertib saking Lingkungan Bonaventura Wilayah Maria Bunda Allah. Prodiakon ingkang ngayahi tugas Ibu V. Nuke Sri Sunarni. Pisungsung Sekar Altar saking kaluarga Ibu Suwarni Suharto.
- Kolekte Malam Natal, Kolekte Kapisan ngempal Rp 2.088.000,- lan Kolekte kaping kalih ngempal Rp 2.110.000,- Amplop persembahan Rp 305.000,-
- Badhe dipun wontenaken Mis Suci Warsa Enggal wonten ing Paroki Boyolali, dipun lajengaken ramah tamah saha Makrab OMK. Petugas Liturgi ingkang kapiji saking Ampel, inggih menika :
a. Sdri
Elisabeth Nathania Audrey Mintarso (Tata) sebagai Komentator dan doa umat.
b. Sdri
Tyas Barrus sebagai Pemazmur
c. Sdr
Yohanes Bayu Saputra sebagai pelantun Bait Pengantar Injil
Mis
Suci Malem Warsa Enggal dipun wontenaken dalu punika, Ahad, 31 Desember 2017 ing
Gereja Katolik Hati Tak Bernoda Santa Perawan Maria Boyolali, dipun wiwiti jam
7 Dalu.
- Nyuwun Karawuhan Bapak / Ibu / Sdr sedaya wonten ing Mis Suci Warsa Enggal ingkang badhe dipun wontenaken benjang dinten Senin, 01 Januari 2018 wonten ing Kapel Agustinus, Dungus, Seboto. Mis Suci badhe dipun wiwiti jam 10 enjang. Nyuwun Karawuhan sedaya umat.
- Kempalan Rutin PPM “Sang Bintang Timur” badhe dipun wontenaken benjang Ahad, 07 Januari 2018. Ngagem seragam paling enggal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar